Seni Ukir
(Dalam Bahasa Jawa) Seni Ukir utawa Seni Tatah yaiku cabang karya seni rupa
kang kagolong seni terapan uga ngandut biji kaéndahan utawa nyenengaké
sarta cara nggawéné nganggo piranti tatah lan palu. Seni ukir bisa digolongaké ing sakjroning seni terapan ing seni rupa karana seni ukir asring dibutuhaké sakjroning panguripan ing masarakat sakdina-dina. Sarta ukiran ing wujud piranti terapan kanggo ngéndahaké saéngga nyenengaké.
Asil saka seni ukir diarani ukiran. Seni ukir kang migunakaké tatah kanggo perabot saka kayu kayata lemari, kursi, méja, bufèt, ranjam, lan barang-barang kabutuan omah liyané, bisa mbentuk ukiran kang apik.
Kutha kang misuwur ukirané yaiku Kabupatèn Jepara kang dadi julukan kutha ukir.
Piranti
- Tatah/Pahat
- Tatah kuku yaiku tatah kang matané mlèngkung kayata wujud kuku manungsa.Cacahé tatah iki ana 20 iji, kanthi ukuran ombo tatah ± 3 cm.Tatah kuku dimumpangatake kanggo mbentuk ukirang kang mlèngkung, bundèr lan lonjong.
- Tatah nyilat yaiku tatah kang wujud matané kenceng, kayata tatah tukang kayu biasa.Cacahé 10 iji kanthi ukuran ombané tatah 3 mm nganthi ± 3cm.Tatah nyilat mumpangate kanggo mbentu utawa nanatah wujud kang lurus kayata garis, wajik, lan kotak
- Tatah kol,ana loro jinising
- Tatah kol rata, yaiku tatah kol kang dasaré mata tatah kol lurus, kathi gègèré tatah kol awujud cekung.
- Tatah kol suru, tatah kol kang dasarané cekung kayata suru, lan gègèré cekung.Tatah kol cacahé ana 4 nganthi 10 iji kanyhi ukuran cilik lan gedhe, omboné tatah ± 0,5-3cm.
- Tatah pangot, yaiku tatah kang asebut mata dasarané kanthi wujudé miring, Cacahé loro.Tatah pangot mumpangate kanggo nyampurnakake wujud-wujud ukiran, sahingga rajin lan bagus.
- Tatah Coret, yaiku kang mata dasare lancip kaya hurup v mumpangate kanggo maringi alur pecahan ana ukiran.
Sumber :
https://jv.wikipedia.org/wiki/Seni_Ukir

No comments:
Post a Comment